Kumantil

Sabtu, 14 November 2015

Jumedule sang suryo
Tak umpamakke jumedule tresno
Naliko pisan ketemu sliramu
Bocah manis pepujanku
Yen tak roso soyo dino
Katresnan iki tansoyo ngremboko
Witing pari pepindhane rasaku
Dimen mari kudu ketemu

Andheng-andheng ning janggutmu
Yen tak pandeng bingung rasaku
Rino wengi tanpo nendro
Tansah kantil kumantil ning netro

Tan kuwowo roso iki
Esem kang manis angrerujit ati
Pasar alit pinggir margi duh yayi
Yen wurung gelo ning ati

"Kelingan"

Rabu, 11 November 2015

Yen wengi tan biso nendro
Mung ngalelo kelingan nimas roro
Nadyan to sepisan tepung
Nyoto biso gawe ati bingung
Manis-manis roso madu
Luwih manis esemmu cah ayu
Gawe kangen ning atiku
Rino wengi mung tansah ngreridu

Roso tresno kasiram udan banyu asmoro
Thukul terus ngremboko
Sineksenan langit lan mego

Aduh dewo aduh nyowo
Tulungono wong nandang asmoro
Tak sesuwun rino wengi
Duh wong manis mugo angimbangi

"Dadi Ati"

Sabtu, 14 Februari 2015

Nggoleki sing koyo ngopo
Mung nyatane kelakon seprene
Angger-angger gendro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo
Pepindhane mimi lan mintuno

Wus jamak lumrahe
Yen wong urip
cubo lan godhane gede
Supradene ora nganti dadak dadi gawe

Rino wengi dadi ati
Wong prasojo alus bebudine
Sabar lan gemati
Momong putro lair lan batine

“Kali Oya”

Jumat, 28 Maret 2014

Naliko ing wayah sore
Gawang-gawang mung katon eseme
Amung tansah ngawe-awe
Angleledo mung ngatoni wae
Sliramu wus ora ono
Duh wong ayu tego ninggal lungo
Mbok eling biyen prasetyo
Sineksenan iline kali oya

Saben-saben aku nunggu
Mung ngarep tekamu
Kumricike banyu kali
Anambahi kekes ing ati

Ning pinggire kali oya
Duh wong ayu awakku ndedungo
Mugo-mugo enggal bali
Tak enteni ning pinggire kali

"Gunung Kidul Handayani"

Rabu, 19 Maret 2014

Sinawang Pancen asri
Gunung Kidul nyatane wektu saiki
Pembangunan waroto kang migunani
Biso gawe kepranan kang amersani
Sayuk saeko kapti
Gotong royong rakyate tan nguciwani
Tansah setyo dawuhe poro pangarsi
Mahanani Gunung Kidul handayani

Manunggale kawulo kelawan Gusti
Migunani tumrap pembangunan iki
Monggo-monggo sedoyo tumut ndarbeni
Mrih lestari Gunung kidul handayani

Biso dadi tulodho
Ngambar arum gandane amilangoni
Tansah eling mring Gusti kang moho suci
Adil makmur waroto mring kito sami